Syi’ir Tanpo Waton {al-magfurlah KH Abdurrahman Wachid (Gus Dur) }

Astaghfirulloh Robbal barooyaa… Astagfirulloh minal khotooyaa
Robbi zidnii ‘ilman naafi’a… Wa waffiqni ‘amalan shoolihaa

Ya Rosulalloh salamun ‘alaik… Ya Rofi’a syaani waddaarooji
‘Athfatan Ya Jiirotal ‘aalami… Ya uhailal juudi wal karomi

Ngawiti ingsun, nglaras Syi’iran
kelawan muji mareng Pangeran
kang paring rohmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan (2X).

Duh bolo konco, priyo wanito
ojo mong ngaji Syare’at bloko
gur pinter ndongeng, nulis lan moco
tembe mburine bakal sengsoro (2X)

Akeh kang apal Qur’an haditse
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe gag digatekke
yen isih kotor ati akale (2X)

Gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ndunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto (2X)

Ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngandelake iman tauhite
baguse sangu mulyo matine (2X)

Kang aran soleh, bagus atine
kerono mapan seri ngelmune
laku thoriqot lan ma’rifate
ugo hakikot manjing rasane (2X)

Al-Qur’an Qodim wahyu minulyo
tanpo dinulis biso diwoco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing njero dodo (2X)

Kumantil ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jeroan
mu’jizat Rosul dadi pedoman
minongko dalan manjinge iman (2X)

Kelawan Allah kang moho suci
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriyadhohi
dzikir lan suluk jo nganti lali (2X)

Uripe ayem, rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar narimo, najan pas-pasan
kabeh tinakdir saking pengeran (2X)

Kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun, ojo ngasio
iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito (2X)

Ayo nglakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat derajate
senajan ashor toto dhohire
ananging mulyo maqom drajate (2X)

Lamun palastro ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
den gadang Allah swargo manggone
utuh mayite ugo ulese (2X)

Ya Rosulalloh salamun ‘alaik… Ya Rofi’a syaani waddaarooji
‘Athfatan Ya Jiirotal ‘aalami… Ya uhailal juudi wal karomi

Tinggalkan Balasan