Cerpen Franz Kafka Bahasa Jawa: Ing Sangarepe Hukum


Judul asli Bahasa Jerman: Vor dem Gesetz
Diterjemahkan ke dalam Bahasa Indonesia oleh: Sigit Susanto
Diterjemahkan ke dalam Bahasa Jawa oleh: Ki Sugito Ha Es
Ilustrator: Joko Novianto Bp

Ana pawongan ing sangarepe hukum, ngadeg dadi tukang tunggu lawang. Ana sawijine warga desa teka marani tukang tunggu lawang lan njaluk palilah amrih bisa mlebu ketemu adu arep karo hukum. Nanging si tukang tunggu lawang ora ngidini yen wong desa kuwi mlebu saiki.

Wong desa banjur takon, apa yen mengko nunggu banjur diidini mlebu?

“Kuwi mung bokmenawa. Bokmenawa diidini, nanging ora saiki,” wangsulane sing nunggu lawang.

Nalika lawang pengadilan binuka kaya padatan lan tukange tunggu lawang mingset ngadeg neng pinggir, wong desa mau klakon nonton isi sajerone pengadilan.

Nanggapi panyawange wong desa marang kahanan sajerone pengadilan, si tukang tunggu lawang mesem lan ngabani, “Yen kowe arep nyoba, kena apa ora mlebu saiki senajan ora diidini? Nanging kowe kudu ngreti, neng kene aku sing duwe wenang nundhung utawa nglilani. Lan aku mung andhahan, tukang njaga lawang sing pangkate ngisor dhewe. Nanging neng jero kana kae saben lawang ana sing njaga, sansaya mlebu sansaya dhuwur pangkat lan wewenange. Embuh dadimu yen nganti ketemu tukang jaga lawang sing nomer telu.”

Tekane wong desa mrono ora ngajab kesrimpet lan kepalang reribed. Hukum kudu adil jejeg tumrap sapa wae, ngono idhepe. Dheweke saiki salin panyawang, dadi luwih migatekake jaket wulu sing dianggo tukang nunggu lawang sing irunge mbangir lan ngingu jenggot dawa tur tipis kuwi. Dheweke isih yakin yen mengko bakal dililani mlebu.

Tukang tunggu lawang ngulungi dhingklik karo ngakon wong desa kuwi amrih lungguh ing pinggir lawang.

Wong desa lungguh ing kono suwene nganti mataun-taun. Saben kandha arep mlebu tansah dipenggak. Malah tukang nunggu lawang dadi nakokake bab kulawargane uga bab liyane, nanging pitakonane njuwarehi, pijer mbaleni sing kuwi-kuwi wae.

Tukang nunggu lawang lagak-lagune wis memper penggedhe, tundhone panggah ngandhakake yen wong desa kuwi ora diidini mlebu.

Wong desa kuwi tekane mrono nggawa sangu barang pirang-pirang sing ajine larang, mula kanthi gampang wae anggone nyogok mbeseli kantongane tukang tunggu lawang. Nanging tukang tunggu lawang malah blaka, “Yen kokwenehi, aku mung mesthi nampani. Nanging aja koksengguh kowe banjur bisa sakarepmu dhewe marang sapa wae.”

Sasuwene pirang-pirang taun wong desa kuwi mung tansah migatekake saparipolahe si tukang tunggu lawang sing ngarep dhewe. Tukang tunggu lawang liyange blas ora digagas. Mungguhe dheweke, mung tukang tunggu lawang ngarep dhewe iki sing cetha wela-wela minangka pepalang lakune, sing njalari ora kelakon ketemu adu arep karo hukum. Dheweke mung pijer nggetuni nasibe sing ora mujur. Suwe-suwe banjur ngluputake awake dhewe.

Sasuwene njlingglengi si tukang tunggu lawang, dheweke wiwit nglegewa yen jaket wulu kuwi jebulane kebak tuma. Dheweke duwe pengarep-arep muga-muga prekara tuma kuwi dadi jalaran kanggo nginger keblate tukang tunggu lawang.

Tundhone, panyawange mripate suwe-suwe dirasakake wis ora premana. Dhewe sansaya ngrumangsani rekasane ngurusi hukum. Dikira uripe wis ora bisa tambah suwe. Sadurunge ketekan pati, kabeh lelakon sing dialami dibundheli neng angen-angen kanggo nemokake pitakonan sing durung nate ditakonake marang tukang tunggu lawang.

Dheweke ngundang tukang tunggu lawang nalika dheweke ora kuwat menyat ngadeg saka lungguhe jalaran rumangsa awake kaku. Tukang tunggu lawang ndhingkluk mbungkuk nganti keladuk sebab saiki sungsate akeh banget antarane kekarone ya jalaran wis akeh sing njalari rekasane wong desa kuwi.

“Isih ana apa meneh sing kepengin koktakonake?” ujare tukang tunggu lawang.

“Kowe srakah. Sadhengah wong padha mbudidaya urusane karo hukum,” ujare wong desa. “Apa tumon, nganti akeh taun wilangane kok sing njaluk idin ketemu hukum mung aku dhewe?”

Tukang tunggu lawang wis nglegewa yen ta uripe wong desa wis cedhak karo pati senajan tambah nekade anggone kumudu mlebu. Tukang tunggu lawang kandha marang wong desa, “Ora ana ana wong liya sing dililani mlebu mrene jalaran lawang iki digawe ana mung mligi kanggo kowe. Saiki aku lunga lan taktutup lawange.”
***

Tinggalkan Balasan